Timun Mas dalam Bahasa Jawa

5 04 2010

TIMUN MAS

Dek jaman biyen ing salah sawijining desa, ana mbok randa sing urip dewe ora ana anak utawa sedululur. Amarga urip dewe mbok randa mau kepengin duwe anak. Saben dina mbok randa ndonga awan bengi ing ngarsane Gusti Allah supaya diwenehi anak. Deweke yakin menawa penjaluke bakal di kabulake dening Gusti Allah.

Tanpa sangertine mbok randa, anggone donga awan bengi ing omahe kuwi mau keprungu Buto ijo sing kebeneran liwat sacedhake kono. Buto ijo banjur nyeluk mbok randa supaya metu saka omahe. mbok randa kaget ngerteni ana Buto ijoing ngarep omahe.

Sawise ora miris maneh ngerteni Buto ijo sing gedhe tur medeni kuwi, si Buto ijongomong menawa bisa nulungi menehi anak. Mbok randa bungah atine krungu kandane Buto ijo kuwi mau lan nyaguhi kabeh penjaluke Buto ijomenawa diwenehi anak tenan.

Penjaluke Buto ijo yaiku menawa anake mbok randa wis gedhe dijaluk arep dipangan. Sabanjure Buto ijo iku menehi wii timun sing kudu di tandur mbok randa. Sawise Buto ijo kuwi mau lunga, mbok Randa nandur wiji timun iku ana kebone. Wiji kuwi dirumat lan diopeni kanthi gemathi, disiram, diresiki sukete lan dirabuk supaya cepet tukul.timun mas

Sawise tukul lan dadi wit timun kang subur, wit timun iku mau wis pada uwoh. Ing antarane akehe woh timun, ana salah sijine timun kang nganeh-anehi. Rupane kuning emas lan gedhene sak guling. Timun iku banjur pecah lan ing njero timun mau ana bayi manungsane.

Mbok randa bungah atine amarga penjaluke kepengin duwe anak wis kaleksanan. Mbok randa ngucapake syukur marang Gusti Allah amarga dongane wis diijabah. Bayi iku mau wadon, pakulitane resik alus kaya kulit timun amarga laer saka timun sing kuning kaya emas, bayi wadon kuwi mau dijenengake Timun mas.

Sawise Timun mas ngancik dewasa, mbok randa kelingan janjine karo Buta menawa arep menehake Timun mas. Mbok randa dadi susah atine, rina wengi mbok randa donga supaya entuk pitulungan saka Gusti Allah. Salah sawijining wengi, mbok randa ngimpi ketemu pertapa ing gunung gandul. Pertapa kuwi mau sing bisa nulungi supaya Timun mas ora dijupuk sang Buto.

Esuke mbok randa lungo menyang gunung gandul kaya impene. Sawise ketemu karo pertapa kaya ing impene, mbok randa disangoni buntelan kanggo Timun mas. Pertapa kuwi mau menehi pitutur piye carane supaya Timun mas bisa oncat saka bebaya ngadepi sang Buto. Sawise ngucapake maturnuwun mbok randa pamitan mulih.

Tekan omah mbok randa menehi buntelan kang cacahe papat, lan dituturi piye carane nggunake. Mbok randa ngonggkon Timun mas lungo saka omah lan mlayu sak cepet-cepete. Sawise iku Buto ijo kang arep jupuk Timun mas teka ing omahe mbok randa banjur nesu ngerteni Timun mas wis ora ana. Buto ijo nesu lan ngamuk, kebonne mbok randa dirusak banjur bengok-bengok ngoyak Timun mas.

Amarga Buto ijo jangkahe amba sedela wae Timun mas wis meh kasil koyak. Timun mas bajur nguncalake buntelan sing isine wiji timun. Dumadakan dadi kebon timun kang akeh woh timune, Buto ijo mandeg lan mangan timun sing katon seger-seger kuwi mau. Sawise timune entek sang Buto ijo kelingan menawa ngoyak Timun mas. Buto ijo banjur ngoyak Timun mas maneh sing wis mlayu tekan adoh.

Lagi sedela wae sang Buto ijo wis meh kasil ngoyak Timun mas. Buntelan sing isi dom terus diuncalake Timun mas. Dumadakan dadi alas pring sing ngalangi playune Buto. Tapi sedela wae Buto ijo kasil bisa metu saka alas pring kuwi mau.

Timun mas banjur nguncalke buntelan kang isine uyah, lan malih dadi segara kang amba lan jero. Buto ijo nglangi ing segara kuwi mau tetep ngoyak Timun mas lan kasil mentas saka segara. Timun mas arep kasil koyak meneh, banjur nguncalake buntelan  kang pungkasan.

Buntelan kang isine trasi malih dadi segara lendhut kang jero. Buto ijokecemplung lan kangelan mentas saka lendhut kuwi mau. Pungkasane Buto ijo kang ngoyak Timun mas iku mati kleleb ing njero segara lendhut. Timun mas akhire selamet lan urip tentrem karo mbok randa.


Aksi

Information

22 responses

5 04 2010
tunjungbudiwati

oke…

5 12 2011
fatah arek kranggan

bu…. angel byanget ngolek dongeng bahasa jawa…..???
huhhhh………..

5 12 2011
fatah arek kranggan

Eehhmm…..

14 05 2011
lydia

lumayan bagus kok… cmn bahasanya….

20 12 2011
tunjung

bahasa jawa…

9 08 2011
rarasarumwidasworo

wah.. mksh banget ya.. postingannya, sungguh membantu saya untuk bahan cerita murid2 les.. jujur saya juga orang jawa asli.. tapi sedikit kesulitan nyusun cerita basa jawa…. wah perlu belajar banyak nih.. 🙂

20 12 2011
tunjung

okelah kalo begitu

25 10 2011
fery

terima kasih kami ucapkan kepada penulis blog ini….jarang sekali orang yang peduli sama cerita jawa…apalagi yang menggunakan bahasa jawa….semga blog ini tetap awet sampai tahun 1000000000 bahkan sampai kiamat tiba.

20 12 2011
tunjung

amin….
trimakasih komennya….

6 08 2012
T

Ho’o kie…
seng koyo ngene iki kudu ditingkatke…
dadi nek golek tugas ora angel gopeke…
He..he..

20 01 2012
abizar rizki

cari dongaeng bahasa jawa kok susah banget ya huuh…

30 01 2012
Arif Slalu Di Hatimu

ea

16 02 2012
tiwi tuitt

makasih ya,, posting nyaa 🙂
udah bantu buat nyari tugas B.D hehehe 🙂

23 02 2012
nabila

yo Apek critane

23 02 2012
nabila

aku seneng kro critane

15 05 2012
muejisyaputra

sumbernya ap……….

25 07 2012
Sobir Tex

ijin copy…trims

31 08 2012
pamungkas

bu tunjung punya cerita abu nawas yang versi bahasa jawa nggak ?

29 10 2012
Eky Pujiantoro

Makazzih atas cerita legenda bahasa jawa nya..,
karna ak nyari ni susah banget..,

7 11 2012
surabaya28juni

incanida
wahh makasi ya postingnya membantu banget lo, (y)

8 11 2012
tunjung

Sama2

18 11 2012
rahmanisa

terimakasih buat ceritanya :))
saya jadi bisa mengerjakan tugas” saya yang lainnya 😀
hehehe..

Tinggalkan komentar