KANCIL NYOLONG TIMUN

21 01 2012

Sawijining dina Kancil mlaku-mlaku ana ing pinggir alas. Ora krasa lakune tekan kebonan timun duweke Pak Tani. Nonton ana timun ijo-ijo katon seger, Kancil dadi luwe. Sabanjure Kancil lingak-linguk goleki sing duwe kebon timun. Amarga ora ana Kancil banjur mangan timun siji mbaka siji sampe wetenge wareg.

Sawise krasa wareg Kancil banjur mulih alas. Kancil dadi tuman mara menyang kebon timune Pak Tani kuwi mau. Saben dina Kancil nyolong  timune Pak Tani. Suwene suwe Pak Tani krasa menawa timune  saya kelong mbaka sithik.

Pak Tani banjur ngindhik sapa sing nyolong timune kuwi mau. Bareng wis diindhik lan ngerti menawa sing nyolong timun iku Kancil, Pak Tani gawe jebakan kanggo Kancil. Pak Tani gawe wong-wongan kang diwenehi pulut nangka lan di pasang ana ing kebon timun.

Esuke Kancil mara maneh ana kebon timun, dumadakan kaget ana wong ing tengah kebon timun. Kancil banjur mlayu sipat kuping, tapi bareng krasa ora dioyak kancil mandeg. Kancil mara maneh alon-alon karo ngawasake wong kuwi mau. Bareng cedhak Kancil ngguyu dewe, “o…alah…jebul mung wong-wongan to ?”

Kancil sing rumangsa kapusan terus ngantemake tangan tengene ing wong-wongan kuwi mau,  tangan tengene dadi tumemplek kelet ora bisa diuculi. Kancil banjur ganti ngantemake tangan kiwane ana ing wong-wongan. Tangan kiwane uga dadi melu tumemplek kelet ana ing wong-wongan. Kancil sangsaya nesu rumangsa di cekel karo wong-wongan, banjur nendhangake sikil kiwa lan sikil tengene ana ing wong-wongan. Saiki Kancil wis ora bisa obah, tangan loro lan sikil loro tumemplek raket ana ing wong-wongane Pak Tani.Kancil mung bisa ketap-ketip ngenteni nasib karo mbrebes mili.

Pak Tani wayah sore mara ing kebon timune weruh Kancil tumemplek raket ana ing wong-wongane banjur nyedhak.”Kecekel rak kowe cil…mula aja sok seneng nyolong timun ing kene….tak gawa mulih terus tak masak gule kowe mengko.” Ngono kandhane Pak Tani sinambi nguculi Kancil saka wong-wongan lan nggawa mulih kancil.

Kancil dikancing ing kandhange Pak Tani. Ing jero kandhang wayah bengi Kancil dicedhaki kirik ingon-ingonane Pak Tani. “Cil….ngapa kowe neng kene?” mengkono pitakone kirik kuwi mau. Kancil banjur cerita manawa deweke arep didaupake karo anake Pak Tani, makane saiki ana kono. Kirik kuwi mau rumangsa srei. “La…kok enak kowe cil,…kudune aku sing didaupake karo anake Pak Tani ora kowe amarga aku wis melu neng kene suwe”. Kirik rada nesu.

Ing jero ati Kancil ngguyu banjur nerusake pokale, Kancil nawani apa Kirik gelem nggenteni ana jero kandhang lan didaupake karo anake Pak Tani? Kirik seneng banget ditawani ngijoli Kancil sing arep didaupake anake Pak Tani kuwi mau. Ora nganggo mikir dawa maneh Kirik kuwi banju nguculi Kancil saka jero kandhang lan deweke ganti mlebu kandhang dikancingi Kancil.

Kancil banjur mlayu sipat kuping, ing jero ati bungah banget bisa ucul saka kandhange Pak Tani sing mesthi ucul saka bebaya. Bejoku ana kirik sing bodho gampang diapusi mangkono bathine Kancil. Ing kandhang Kirik ngenteni karo ngguya-ngguyu rumangsa seneng atine arep didaupake karo anake Pak Tani. Pak Tani sing mbukak kandhang esuke kaget baget ngerteni sing ana jero kandhang mau Kirike dewe. Pak Tani nesu banjur gebugi Kirik sing ana ing jero kandhang kuwi mau. Amarga bodho gampang diapusi Kirik dadi tatu kabeh awake.


Aksi

Information

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s




%d blogger menyukai ini: